Kemis Pon, MTsN 6 Kulon Progo Ngagem Rasukan Adat Kaliyan Basa Jawi Krama

Kulon Progo (MTsN6KP) – MTsN 6 Kulon Progo ngremekaken program khusus ngginakaken basa Jawi Krama, Kemis Pon (18/9/2025). Program punika dados salah satunggaling wujud komitmen madrasah kanggé nglestantunaken kabudayan Jawi saha nanemaken unggah-ungguh dhateng para siswa.
Ing dinten punika, sedaya warga madrasah ngagem busana adat Jawi gagrag Ngayogyakarta. Satemah swasana madrasah dados sansaya ketingal sarwi kenthel kaliyan budaya Jawi.

Botên namung saking busana, para siswa ugi dipun pakulinakaken ngginakaken basa Jawi Krama nalika wawan pirembagan. Sae punika kalihan guru utawi kaliyan rencang setunggal kelas.
Mekaten punika dipun tindakaken supados para siswa gadhah pakulinan matur kanthi tatanan basa ingkang sae. Saha dadosaké basa Jawi minangka perangan saking gesang saben dinten wonten ing lingkungan madrasah.

Ketua OSIS MTsN 6 Kulon Progo, Ridho Putra ngaturaken bilih ancasipun program inggih punika nguri-uri budaya Jawi minangka warisan leluhur. Saha njagi supados generasi mudha botên ngantos ical jawinipun.
Kanthi wontenipun program punika dipun ajeng-ajeng para siswa saged dados pribadi ingkang gadhah watak sae, ngajeni, saha tansah njagi tata krama Jawi. “Pengajeng-ajeng kula supados program ngagem basa Jawi wonten dinten khusus saged kalampahan kanthi sae. Saha sedaya siswa saged ngetrepaken wonten ing gesang saben dintenipun,” mekaten aturipun.

Pangarsa MTsN 6 Kulon Progo, Muhammad Muslich Purwanto, S.Ag. nyengkuyung dhumateng program ingkang dipun gagas OSIS punika. Panjenenganipun negesaken bilih basa Jawi punika dados identitas ingkang kedah dipun jagi ing antawisipun arus modernisasi ingkang sanget kiyatipun. “Kulinten ngginakaken basa Jawi Krama badhé gadhah munpangat ageng nalika para siswa mlebet masyarakat. Nalika dados pambiwara hajatan, acara lelayu, utawi adicara sosial sanèsipun,” ngendikanipun Muslich.
Program punika ugi pikantuk pangalembana sae saking para wali siswa. Panjenenganipun sami ngraos bilih program punika wigatos sanget. Amargi wonten ing masyarakat samenika, ngagem basa Jawi Krama sampun wiwit ical. Kanthi kulinten ngagem basa Jawi Krama ing madrasah wiwit alit, pangajab para siswa saged nglajengaken tradisi leluhur. Saha maringi warna ing gesang ing masyarakat kanthi basa Jawi ingkang sae lan leres. (afl/abi).
#KementerianSemuaAgama
#MakinDigitalMenjangkauUmat



Leave a Reply
Want to join the discussion?Feel free to contribute!