Siswa MIN 1 Kulon Progo Mengeti Adeging Kaprajan Kabupaten Kulon Progo

Kulon Progo (MIN1KP) – MIN 1 Kulon Progo ngadani upacara kangge mengeti Adeging Kaprajan kaping-74 Kabupaten Kulon Progo wonten ing plataran madrasah, Rebo (15/10/2025). Tumut wonten ing upacara menika guru, karyawan, saha sedaya siswa. Kepala MIN 1 Kulon Progo minangka Pangarsa upacara, dene siswa kelas VI B minangka petugas.

Wonten ing upacara menika sedaya pasarta saha petugas upacara ngagem busana tradhisional Jawi gagrag Ngayogyakarta. Basa ingkang dipun ginakaken ugi basa krama inggil.

Pangarsa MIN 1 Kulon Progo, Kasmad Rifangi, M.Pd.I. wonten ing piweling maosaken teks sesorah Bupati Kulon Progo, Dr. R. Agung Setyawan, S.T., M.Sc., MM. “Pengetan adeging Kabupaten Kulon Progo warsa 2025 mendhet irah-irahan Sinergi dan Kolaborasi Untuk Kulon Progo Harmoni. Irah-irahan menika ngemu teges supados sedaya unsur wonten ing Kabupaten Kulon Progo wiwit saking Pemerintah Daerah, sedaya warga masyarakat, pelaku usaha, para siswa, pemuda, ngantos dumugi komunitas masyarakat supados guyub rukun saiyeg saeka kapti nggegayuh Kulon Progo Binangun Kerta Raharja,” ujaripun.

Kangge nggayuh piweling menika para warga masyarakat Kulon Progo menika sepisan kedah tuwuh dados pribadi ingkang mumpuni, genep, lan menep. Saengga saged kangge patuladhan. Angka kalih kedah anggadhahi gegayuhan ingkang inggil saperlu ndadosaken Bumi Binangun tuwuh dados punjering kridha pembangunan ing DIY.

Saklajengipun ingkang angka tiga makarya lan sinau kanthi niat ingkang tumemen lan makantar-kantar, nandyan kathah pepalang lan rubeda punapa kemawon. Angka sekawan gadhah iman lan takwa ingkang pokok tumraping sedaya upaya.

Piweling menika dipun waosaken dening Kepala MIN 1 Kulon Progo, Kasmad Rifangi, M.Pd.I. kanthi sae lan luwes ngginakaken basa jawi krama inggil.

Upacara pengetan Adeging Kaprajan Kabupaten Kulon Progo menika ugi dados momen kangge maosaken siswa ingkang angsal juara wonten ing Pekan Kompetisi Madrasah sampun kalampahan wonten ing dinten Selasa (14/10/2025).

Sedaya warga MIN 1 Kulon Progo ngaturaken Sugeng Mangayubagya Dinten Adeging Kaprajan kaping-74 Kabupaten Kulon Progo. (alf/abi).
#KementerianSemuaAgama
#MakinDigitalMenjangkauUmat

0 replies

Leave a Reply

Want to join the discussion?
Feel free to contribute!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *