Donga Pangestu ing Bumi Menoreh

Oleh: Adinda Mutia Syafa

Murid MTsN 6 Kulon Progo

Ing sak ngisore langit Menoreh kang asri,
Pitung puluh lima warsa umurmu dumugi.
Kulon Progo, bumi kang endah tur tentrem,
Dina iki kabeh warga sujud syukur ing ati kang remdem.

Donga kawula katur marang Gusti Kang Maha Kuasa,
Mugi Kulon Progo tansah pinaringan berkah lan sih wilasa.
Para pemimpin lan rakyate dipun paringi kawicaksanan,
Tebih saking rubeda, kalis saking sakabehing pacoban.

Mugi tanahe tansah subur lan makmur,
Sawahe ijo royo-royo, rejekine mili tanpa kendhat tanpratandhur.
Putra-putrine cerdas, luhur ing budi pekerti,
Nglestarekake budaya, njaga ketentreman ing ati.

Sugeng Ambal Warsa kaping 75 Kulon Progo tercinta,
Maju bebarengan, sempulur lan sejahtera.
Mugi tentrem lan rahayu tansah ngancani,
Saking wektu menyang wektu, abadi ing bumi iki.

0 replies

Leave a Reply

Want to join the discussion?
Feel free to contribute!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *