Kulon Progo Tansah Ing Ati

Nafla Aviona Putri
Murid MTsN 6 Kulon Progo

Kulon Progo, tanah kang endah,
Gunung lan segara dadi pepadhang,
Sawah ijo katon ngrembaka,
Nggawa tentrem ing sajroning jiwa.

Adheming angin nyusup ing ati,
Nggawa crita saka jaman biyen,
Kabudayan luhur tansah lestari,
Dijaga kanthi rasa tresna lan bangga.

Wong Kulon Progo urip bebarengan,
Guyub rukun tanpa mbedakake,
Gotong royong dadi kekuwatan,
Nggawe tentrem ing saben papan.

Ing dina kang kebak suka cita,
Kulon Progo mengeti dina dumadine,
Muga tansah maju lan mulya,
Kulon Progo, tansah jaya salawase.

0 replies

Leave a Reply

Want to join the discussion?
Feel free to contribute!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *