Kulon Progoku
Oleh: Filza Kazyuna Adiba
Murid MTsN 6 Kulon Progo
Ing pucuk kulon Jogja ngadeg kokoh,
Lima las Oktober dina hadegmu,
Sewu sanga seket siji sejarah bukti,
Adikarto lan Kulon Progo manunggal dadi siji.
Saka dawuh Sultan lan Paku Alam,
Lair tanah kanthi nama BINANGUN,
Beriman, Indah, Aman dadi tujuan,
Guyub, Ulet, Nyaman tuntunan.
Tak sawang Menorehmu gagah perkasa,
Tak rungokke Glagahmu ngombak memesona,
Saka Waduk Sermo kang anteng njaga,
Nganti Kalibiru endah ing puncake.
Pitung puluh lima yuswamu,
The Jewel of Java sinar pepadhangmu,
Montor mabur landing ing Kulon Progoku,
Nggawa asa kanggo rakyatmu.
Sugeng Hadeging Kulon Progo tercinta,
Hamemayu Hayuning Bawana cita-citamu,
Manunggal Karsa Anggayuh Mulya,
Kulon Progo jaya, jaya, jaya!




Leave a Reply
Want to join the discussion?Feel free to contribute!