Saka Menoreh Nganti Segara

Lintang Ati Askana Sachi
Murid MTsN 2 Kulon Progo
Kulon Progo, bumi kelairanku,
Saka pucuk Menoreh nganti Glagah segaramu.
Sawah ijo ombo, hawa sejuk tentrem,
Ati ayem, urip neng kene tansah adem.
Wates dadi jantung, oboring kutha,
Mbangun dalan lan pangarep-arep bebarengan.
Bandara mumbul, jenengmu kondang ndonya,
Nanging desamu tetep njaga budayane.
Wargane grapyak, sumeh lan andhap asor,
Kerja nyata, ora mung umbar omong.
Binangun Jaya dudu mung slogan,
Nanging laku saben dina sing dilakoni.
Sugeng ambal warsa tanahku tresna,
Mugi tansah gemah ripah loh jinawi.
Jenengmu tak gawa ing saben langkahku,
Kulon Progo, bangga dadi anakmu.



Leave a Reply
Want to join the discussion?Feel free to contribute!