Kulon Progo Kang Kinasih

Kamalia Aida Nafisah
Murid MTsN 6 Kulon Progo

Kulon Progo bumi kang edi,
Alam asri, nyenengake ati.
Gunung Menoreh ngadeg ngenggar,
Pantai Glagah endah sumebar.

Wis pitung puluh lima taun yuswa,
Kulon Progo saya maju lan mulya.
Kabudayan luhur tansah dijaga,
Guyub rukun mbangun nagara.

Para mudha, para siswa,
Ayo sregep ngudi kawruh lan ngelmu.
Njaga alam, nguri-uri budaya,
Supaya Kulon Progo saya misuwur.

0 replies

Leave a Reply

Want to join the discussion?
Feel free to contribute!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *