Kulon Progo, Maju lan Lestari
Oleh: Salwa Amalina Khoirunnisa
Murid MTsN 6 Kulon Progo
Kulon Progo bumi kang asri,
Umur pitung puluh lima taun iki,
Muga tansah maju lan lestari,
Dadi kabanggaan ing saben ati.
Gunung Menoreh ngadeg gagah,
Alam endah kebak berkah,
Budaya luhur tansah kajaga,
Masyarakat tentrem, urip raharja.
Kulon Progo tansah ngrembaka,
Pembangunan maju bebarengan,
Guyub rukun dadi dhasar utama,
Kanggo nggayuh masa depan.
Sugeng ambal warsa, bumi pertiwi,
Muga tambah maju saben ari,
Kulon Progo tansah pinunjul,
Makmur, tentrem, lan tansah unggul.




Leave a Reply
Want to join the discussion?Feel free to contribute!